1 Masmur anggitane Asaf.Dhuh Allah, bangsa sanes sampun sami lumebet dhateng ing tanah kagungan Paduka,sami najisaken padaleman Paduka ingkang suci,Yerusalem dipun dadosaken jugrugan.
2 Mayitipun para abdi Paduka dipun pakakaken dhateng peksi-peksi ing awang-awang,dagingipun para kekasih Padukadipun pakakaken dhateng sato ing ara-ara.
3 Rahipun umat Paduka dipun wutahaken kadosdene toya,wonten ing sakubenging Yerusalem sarta boten wonten ingkang ngubur.
4 Kawula sami dados cacadanipun para tangga-tepalih kawula,lan dados pepoyokan miwah cacampahanipun tiyang ingkang manggen ing sakubeng kawula.
5 Dhuh Yehuwah, ngantos pinten dangunipun anggen Paduka tansah paring bebendu Paduka,saha bentering panggalih Paduka anggenipun mulad-mulad kados latu?