3 Rahipun umat Paduka dipun wutahaken kadosdene toya,wonten ing sakubenging Yerusalem sarta boten wonten ingkang ngubur.
4 Kawula sami dados cacadanipun para tangga-tepalih kawula,lan dados pepoyokan miwah cacampahanipun tiyang ingkang manggen ing sakubeng kawula.
5 Dhuh Yehuwah, ngantos pinten dangunipun anggen Paduka tansah paring bebendu Paduka,saha bentering panggalih Paduka anggenipun mulad-mulad kados latu?
6 Bebendu Paduka mugi kaesoknadhateng para bangsa ingkang botensami tepang kaliyan Paduka, inggih dhateng sakathahing karajan ingkang boten nyebut asma Paduka;
7 amargi sampun sami mangsa Yakub ngantos telas,griyanipun dipun risak.
8 Paduka mugi sampun ngantos ndhawahaken kalepatanipun para leluhur kawula dhumateng kawula sadaya;kawula mugi enggal kadhawahana ing sih-rahmat Paduka,awitdene kawula sampun sami ringkih sanget.
9 Dhuh Allah, ingkang mengku karahayon kawula,kawula mugi sami Paduka paringi pitulunganmargi saking kaluhuraning asma Paduka.Kawula mugi sami kaentasna saha kaapuntena dosa kawulamargi saking asma Paduka.