16 wit ingkang katanem dening asta Paduka ingkang tengen.
17 Witipun sampun sami dipun besmeni lan dipun tegori,tiyang-tiyang wau kajengipun sami sirna ical dening bebendu Paduka.
18 Paduka mugi karsaa ngreksa dhateng para tiyang ingkang wonten ing sisih tengen Paduka,anakipun manungsa ingkang sampun Paduka kiyataken kagem Paduka piyambak.
19 Kawula sami boten badhe nyleweng saking Paduka,kawula mugi Paduka gesangi, satemah sami badhe nyebut ngluhuraken asma Paduka.
20 Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi,kawula mugi sami Paduka pulihaken,mugi karsaa nyunaraken wadana Paduka, temah kawula sami badhe manggih wilujeng.