3 wonten ing ngajengipun Efraim kaliyan Benyamin tuwin Manasye.Paduka mugi karsaa ngatingalaken kasantosan Padukasaha mugi karsaa rawuh ngluwari kawula sadaya.
4 Dhuh Allah, kawula mugi sami Paduka pulihaken,mugi karsaa nyunaraken wadana Paduka, temah kawula sami badhe manggih wilujeng.
5 Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi,taksih pinten laminipun anggen Paduka bendusanadyan umat Paduka ndedonga?
6 Umat Paduka sami Paduka tedhani roti tumatesing luh,Paduka paringi ngombe luh ngantos kathah sanget,
7 kawula sami Paduka dadosaken rerebatanipun para tangga-tepalih,saha sami cinampahan ing mengsah-mengsah kawula.
8 Dhuh Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, kawula mugi sami Paduka pulihaken,mugi karsaa nyunaraken wadana Paduka, temah kawula sami manggih wilujeng.
9 Paduka sampun mundhut wit anggur saking tanah Mesir,para bangsa sami Paduka tundhungi, wit anggur wau lajeng Paduka tanem.