9 Paduka sampun mundhut wit anggur saking tanah Mesir,para bangsa sami Paduka tundhungi, wit anggur wau lajeng Paduka tanem.
10 Paduka sampun nyawisi papan,wit anggur wau lajeng ngoyod lebet sanget saha ngebaki nagari;
11 redi-redi sami kayoman ing ayang-ayanganipun,lan wit-wit eres kagunganipun Gusti Allah sami kayoman ing pangpangipun;
12 pangipun ingkang alit-alit sami pating tlolor ngantos dumugi ing saganten,sarta elungipun ngantos dumugi ing benawi Efrat.
13 Punapa sababipun dene Paduka njugrugaken pageripun,temah dipun pethiki dening tiyang ingkang sami langkung?
14 Dipun grogoti ing andhapan,sarta dipun tedha ing kewan-kewan ing ara-ara.
15 Dhuh Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, Paduka mugi karsaa wangsul,mirsanana saking ing swara sarta ningalana.Paduka mugi karsaa nggatosaken wit anggur punika,