6 Kang pinacak dadi pepakon marang Rama Yusuf,nalika Gusti Allah miyos nglurugi tanah Mesir.Aku krungu bangsa kang aku durung tau weruh.
7 “Pundhake wus Sunuwalake saka anggone memikul,sarta tangane saka ing kranjanging pikulan;
8 sajroning karubedan sira padha sesambat, Ingsun banjur ngentasake sira,Ingsun nyembadani panyuwunira saka ing pasingidaning gludhug,Ingsun wus nyoba marang sira ana ing sacedhake banyu Meriba. (Selah)
9 He para umatingSun padha ngrungokna, Ingsun arsa paring pepenget marang sira;he Israel, manawa sira gelem ngrungokake marang dhawuhingSun.
10 Ing tengahira aja ana allah liyane,sira aja sujud marang allah ngamanca.
11 Iya Ingsun iki Yehuwah Allahira,kang ngluwari sira saka ing tanah Mesir,cangkemira angapna kang amba, nuli bakal Sunkebaki.
12 Nanging umatingSun ora ngrungokake marang swaraningSun,sarta Israel ora seneng marang Ingsun.