5 Iku wong kang padha ora sumurup lan ora ngreti apa-apa,padha lumaku ana ing pepeteng;sakehing tetalese bumi padha gonjang-ganjing.
6 Ingsun wus ngandika mangkene: “Sira kabeh iku allah,lan padha dadi putrane Kang Mahaluhur. --
7 Nanging sira bakal padha mati kayadene manungsa,lan bakal tiwas kayadene salah sawijining panggedhe.”
8 Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa jumeneng ngadili bumi,amargi sakathahipun bangsa punika kagungan Paduka.”