11 ingkang sampun sami katumpes wonten ing Endor,sami dados rabuking siti.
12 Para pangagengipun sami kadamela kados Oreb kaliyan Zeeb,saha sakathahing pemimpinipun kados Zebah lan Salmunah,
13 ingkang sami wicanten: “Payo padha ngejegipapan-papan padalemaning Allah.”
14 Dhuh Allah kawula, tiyang punika sami kadadosna kados dhedhak ingkang mabul-mabul,kados mrambut ingkang kabur ing angin.
15 Kados latu ingkang mbesmi wana,saha kados urubing latu ingkang nggesengaken redi-redi,
16 sami kaoyaka kaliyan prahara Paduka,tuwin kadamela kaget kaliyan lesus Paduka.
17 Rainipun sami kasasabana ing wirang,supados sami ngupadosana asma Paduka, dhuh Yehuwah.