4 sami ngrantam paekan nglawan Paduka,sarta sami sakuthon badhe nglawan para ingkang Paduka ayomi.
5 Wicantenipun makaten: “Ayo kita padha nyirnakake bangsa ikusupaya jenenge Israel ora kocap maneh!”
6 Saestu, sampun sami ngrantam kalayan saiyeg,sami damel prajanjian nglawan Paduka:
7 Para ingkang sami manggen ing kemahipun bangsa Edom, lan Ismael,Moab kaliyan Hagar,
8 Gebal lan Amon tuwin Amalek,Filisti sesarengan kaliyan tiyang ing Tirus,
9 ugi Asyur sami manunggil kaliyan tiyang-tiyang wau,sami dados bebantunipun darah Lut. (Selah)
10 Sedaya punika sami kadamela kadosdene bangsa Midian,kados Sisera tuwin Yabin wonten ing sacelakipun lepen Kisyon,