2 Iba anggenipun nengsemaken padaleman Paduka,dhuh Yehuwah Gustining sarwa tumitah.
3 Nyawa kawula rempu margi kangen dhateng plataranipun Pangeran Yehuwah,manah kaliyan raga kawula sami asumyak-sumyaktumuju dhumateng Gusti Allah ingkang gesang.
4 Dalah peksi greja sampun manggih griya,lan peksi kedhali manggih susuh, kangge nyelehaken anakipun,wonten ing misbyah Paduka, dhuh Yehuwah, Gustining sarwa tumitah,Ratu kawula saha Gusti Allah kawula.
5 Rahayu tiyang ingkang sami manggen ing padaleman Paduka,saha tansah ngluhuraken asma Paduka. (Selah)
6 Rahayu tiyang ingkang karosanipun wonten ing Paduka,ingkang gadhah niyat badhe jiyarah.
7 Manawi lumampah wonten ing lebak Baka,punika kadadosaken panggenan ingkang wonten sumberipun;tur sinasaban ing berkahing jawah kapisan.
8 Lampahipun saya dangu saya kiyat,badhe sowan ing ngarsanipun Gusti Allah ing Sion.