1 Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane bani Korakh.
2 Dhuh Yehuwah, Paduka sampun ngatingalaken keparenging panggalih Paduka dhumateng tanah Paduka,kewontenanipun trahipun Rama Yakub sampun Paduka pulihaken.
3 Paduka sampun ngapunten kalepatanipun umat Paduka,sakathahing dosanipun sampun Paduka tutupi. (Selah)
4 Sakathahing deduka Paduka sampun Paduka sirep,bebendu Paduka ingkang mulad-mulad sampun Paduka lilihaken.