1 Kidungan. Masmur anggitane bani Korakh. Kanggo lurah pasindhen, miturut lagu: Mahalat Leanot. Kidung piwulange Heman, wong Ezrahi.
2 Dhuh Yehuwah, Allah ingkang ngluwari kawulaing wanci siyang kawula sesambat,ing wanci dalu kawula sowan wonten ing ngarsa Paduka.
3 Pandonga kawula mugi sumengkaa dhateng ing ngarsa Paduka,Paduka mugi karsaa nilingaken dhateng pasambat kawula.
4 Amargi nyawa kawula tuwuk ing kasisahan,lan gesang kawula sampun celak kaliyan jagadipun tiyang pejah.