1 Kanggo lurah pasindhen. Manut lagu: Mut-Laben. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud.
2 Kawula badhe ngunjukaken panuwun dhumateng Sang Yehuwah kalayan gumolonging manah,kawula badhe nyariyosaken sakathahing kaelokan Paduka.
3 Kawula badhe bingah-bingah sarta asumyak-sumyak awit saking Paduka,Asma Paduka kawula puji klayan masmur, dhuh Gusti,Sang Mahaluhur,
4 awit mengsah kawula sami mundur,rebah lajeng sirna wonten ing ngarsa Paduka.
5 Amargi Paduka ingkang mbelani prakawis kawula lan wewenang kawula,temah kawula angsal kaleresan,Paduka lenggah ing dhampar jumeneng Hakim ingkang adil.