13 Dene Panjenengane kang males marang wong kang ngwutahake getih, enget marang wong kang katindhes,ora kesupen marang pasambate.
14 Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka welasi,mugi nupiksani kasrakatan kawula margi saking pandamelipun para tiyang ingkang sengit dhateng kawula;Paduka ingkang ngentasaken kawula saking gapuraning pejah,
15 supados kawula saged nyariyosaken sadaya pakaryan Paduka, ingkang wajib pinuji punika,sarta wonten ing gapuraning putri ing Sion, kawula asurak-surak,awit saking pangluwaran ingkang Paduka paringaken.
16 Bangsa-bangsa wus padha kecemplung ing luwangan gaweane dhewe,sikile padha kena ing jiret, pasangane dhewe.
17 Sang Yehuwah wus nglairake sarirane, Panjenengane nindakake pangadilan;wong duraka kejiret ing pasangane dhewe. Higayon. (Selah)
18 Para wong duraka bakal padha bali menyang ing teleng palimengan,malah uga sakehing bangsa kang padha lali marang Gusti Allah.
19 Awitdene wong mlarat iku ora dilalekake ing sateruse,wong kang kesrakat ora kelangan pangarep-arep ing salawase.