15 supados kawula saged nyariyosaken sadaya pakaryan Paduka, ingkang wajib pinuji punika,sarta wonten ing gapuraning putri ing Sion, kawula asurak-surak,awit saking pangluwaran ingkang Paduka paringaken.
16 Bangsa-bangsa wus padha kecemplung ing luwangan gaweane dhewe,sikile padha kena ing jiret, pasangane dhewe.
17 Sang Yehuwah wus nglairake sarirane, Panjenengane nindakake pangadilan;wong duraka kejiret ing pasangane dhewe. Higayon. (Selah)
18 Para wong duraka bakal padha bali menyang ing teleng palimengan,malah uga sakehing bangsa kang padha lali marang Gusti Allah.
19 Awitdene wong mlarat iku ora dilalekake ing sateruse,wong kang kesrakat ora kelangan pangarep-arep ing salawase.
20 Dhuh Yehuwah, mugi karsaa jumeneng, manungsa sampun ngantos angsal kaunggulan,para bangsa sami kadhawahana pangadilan wonten ing ngarsa Paduka.
21 Dhuh Yehuwah, mugi sami Paduka damel geter,satemah para bangsa sami ngakeni, bilih namung manungsa kemawon kawontenanipun. (Selah)