4 awit mengsah kawula sami mundur,rebah lajeng sirna wonten ing ngarsa Paduka.
5 Amargi Paduka ingkang mbelani prakawis kawula lan wewenang kawula,temah kawula angsal kaleresan,Paduka lenggah ing dhampar jumeneng Hakim ingkang adil.
6 Para bangsa sami Paduka ancam,para tiyang duraka Paduka tumpes;namanipun Paduka sirnakaken langgeng ing salaminipun.
7 Mengsah sampun sami tumpes tapis,dados gempuran ngundhuk-undhuk ing salaminipun,kithanipun sampun sami Paduka gempuri,sampun boten dipun engeti malih babar pisan.
8 Nanging Sang Yehuwah wus lenggah ing dhampar salawase,dhampare kang kaadegake iku kanggo nindakake pangadilan.
9 Iya Panjenengane iku kang ngukumi jagad kalawan adil,sarta ngadili para bangsa kalawan patitis.
10 Iya mangkono iku anggone Sang Yehuwah dadi pangauban tumrap wong kang katindhes,dadi pangauban ing wektu karubedan.