8 Nanging Sang Yehuwah wus lenggah ing dhampar salawase,dhampare kang kaadegake iku kanggo nindakake pangadilan.
9 Iya Panjenengane iku kang ngukumi jagad kalawan adil,sarta ngadili para bangsa kalawan patitis.
10 Iya mangkono iku anggone Sang Yehuwah dadi pangauban tumrap wong kang katindhes,dadi pangauban ing wektu karubedan.
11 Tiyang ingkang wanuh kaliyan asma Paduka, punika sami kumandel dhateng Paduka,amargi Paduka, boten nate negakaken tiyang ingkang ngupadosi Paduka, dhuh Yehuwah.
12 Padha ngidungna masmur kagem Sang Yehuwah, kang akedhaton ing Sion.Padha nyaritakna pandamele ana ing tengahing para bangsa.
13 Dene Panjenengane kang males marang wong kang ngwutahake getih, enget marang wong kang katindhes,ora kesupen marang pasambate.
14 Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka welasi,mugi nupiksani kasrakatan kawula margi saking pandamelipun para tiyang ingkang sengit dhateng kawula;Paduka ingkang ngentasaken kawula saking gapuraning pejah,