1 Pandongane Nabi Musa, abdine Allah.Dhuh Pangeran, Paduka punika dados pangungsen kawula turun-tumurun.
2 Saderengipun redi-redi kalairaken,sarta saderengipun Paduka nitahaken bumi lan jagad,wiwit kalanggengan dumugi kalanggengan Paduka punika jumeneng Allah.
3 Paduka mangsulaken manungsa dados lebu,lan dhawuh: “He para anaking manungsa, padha balia!”
4 Amargi sewu taun punika wonten ing paningal Paduka,sami kados dinten wingi sasampunipun kapengker,inggih sami kados giliraning jagi ing wanci dalu.
5 Manungsa Paduka kentiraken; sami kados ngimpi,kados tuwuhing rumput.