11 Sinten ingkang sumerep karosaning bebendu Paduka,saha ajrih dhateng anggen Paduka duka?
12 Kawula mugi sami Paduka wulang ngetang dinten kawula ing saleresipun,supados sageda sami angsal manah ingkang wicaksana.
13 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa wangsul, -- ngantos benjing punapa? --saha mugi karsaa melasi dhateng para abdi Paduka.
14 Mugi ing wanci enjing kawula sami Paduka tuwuki ing sih-susetya Padukatemah kawula lajeng sami surak-surak lan bingah-bingah salami kawula gesang.
15 Kawula mugi sami Paduka paringi kabingahan ingkang satimbang kaliyan dangunipun dinten-dinten anggen Paduka ngganjar karibedan,sarta satimbang kaliyan dangunipun taun-taun anggen kawula ngraosaken cilaka.
16 Pakaryan Paduka mugi sageda tiningalan dening para abdi Paduka,saha kamulyan Paduka dening anak-anakipun.
17 Kamirahaning Pangeran Allah kawula, mugi ngayomana kawula,saha Paduka mugi karsaa nyantosakaken pandameling tangan kawula sadaya,inggih pandameling tangan kawula sadaya punika mugi kasantosakna.