3 Paduka mangsulaken manungsa dados lebu,lan dhawuh: “He para anaking manungsa, padha balia!”
4 Amargi sewu taun punika wonten ing paningal Paduka,sami kados dinten wingi sasampunipun kapengker,inggih sami kados giliraning jagi ing wanci dalu.
5 Manungsa Paduka kentiraken; sami kados ngimpi,kados tuwuhing rumput.
6 Ing wanci enjing sekar saha seger tuwuhipun,sontenipun sampun lesah lajeng alum.
7 Saestu, kawula sami sirna margi saking bebendu Paduka,saha kadhawahan giris awit saking bramantya Paduka.
8 Kalepatana kawula sadaya Paduka beber wonten ing ngarsa Paduka,tuwin piawon kawula ingkang samar wonten ing padhanging cahyanipun wedana Paduka.
9 Saestu dinten kawula sadaya sami mengker margi saking bendu Paduka,taun-taun kawula kawula telasaken kadosdene sesambat.