5 Manungsa Paduka kentiraken; sami kados ngimpi,kados tuwuhing rumput.
6 Ing wanci enjing sekar saha seger tuwuhipun,sontenipun sampun lesah lajeng alum.
7 Saestu, kawula sami sirna margi saking bebendu Paduka,saha kadhawahan giris awit saking bramantya Paduka.
8 Kalepatana kawula sadaya Paduka beber wonten ing ngarsa Paduka,tuwin piawon kawula ingkang samar wonten ing padhanging cahyanipun wedana Paduka.
9 Saestu dinten kawula sadaya sami mengker margi saking bendu Paduka,taun-taun kawula kawula telasaken kadosdene sesambat.
10 Laminipun gesang kawula sadaya punika pitung dasa taun,dene manawi kawula sami kiyat, wolung dasa taun,saha ingkang dipun gung-gungaken punika anggenipun nandhang rekaos lan sangsara,amargi lampahipun rikat sanget saha kawula sami kabur sirna.
11 Sinten ingkang sumerep karosaning bebendu Paduka,saha ajrih dhateng anggen Paduka duka?