11 awit Pangeran bakal ndhawuhi para malaekate ing ngatase kowe,supaya rumeksa marang kowe ana ing sakehing dalanmu.
12 Kowe bakal ditadhahi ing tangane,supaya kowe aja nganti kesandhung ing watu.
13 Singa lan ula bedhudhak bakal padha koklangkahi,singa nom lan ula naga bakal kokidak-idak.
14 “Sanyata, sarehne rumaket marang Ingsun, mulane bakal Sunluwari,bakal Sunpageri santosa awit wanuh marang asmaningSun.
15 Yen sesambat marang Ingsun bakal Sunsembadani,ing sajroning karubedan bakal Sunkanthi,bakal Sunentasake lan Sunluhurake,
16 bakal Sunwaregi kalawan umur dawa,lan karahayoningSun bakal Suntedahake marang dheweke.”