4 kanthi ngungelaken kawat sedasa kaliyan slukat,binarung ing swaraning clempung.
5 Dene Paduka, dhuh Yehuwah, sampun mbingahaken kawula kalayan pakaryan Paduka,kawula badhe asurak-surak awit saking pakaryanipun asta Paduka.
6 Dhuh Yehuwah, saestu agung pakaryan Paduka,sarta sanget lebet rancangan Paduka punika.
7 Tiyang bodho boten badhe nyumerepi,saha tiyang goblog ugi boten badhe mangretos bab punika.
8 Manawi tiyang duraka anggenipun gesang sami kados tetuwuhan,sarta tiyang ingkang nglampahi piawon sami ngrembakapunika supados sami katumpesa ing salami-laminipun.
9 Nanging, dhuh Yehuwah, Paduka wonten ing ngaluhur ing salaminipun.
10 Amargi saestu mengsah Paduka dhuh Yehuwah,inggih sayektos mengsah Paduka badhe tumpes,sakathahing tiyang ingkang tumindak awon badhe kabuyaraken.