2 Dhampar Paduka jejeg wiwit kala rumiyin,wiwit ing kalanggengan Paduka sampun wonten.
3 Dhuh Yehuwah, lepen-lepen sami kumrasak,lan sami ngulukaken swaranipun,saha sami ngulukaken jumleguripun.
4 Pangeran Yehuwah ngebat-ebati banget ana ing ngaluhur,ngungkuli kumrasaking banyu agung,ngluwihi jumleguring alun ing segara.
5 Pranatan Paduka sanget kenceng,padaleman Paduka sampun sapantesipun manawi suci,dhuh Yehuwah, kangge ing salaminipun.