9 Awit Paduka punika, dhuh Yehuwah, Ingkang Mahaluhur,ingkang mengku salumahing bumi, Paduka linuhuraken sanget nglangkungi sakathahipun allah.
10 He wong kang padha tresna marang Sang Yehuwah padha sengita marang piala!Panjenengane kang ngreksa nyawane para wong kang kinasihan,bakal ngluwari wong-wong iku saka ing tangane para wong duraka.
11 Pepadhang wus sumunar tumrap para wong mursid,lan kabungahan tumrap para wong kang burus atine.
12 He para wong mursid, padha bungah-bungaha marga saka Pangeran Yehuwah,lan ngrepekna kidung pamuji sokur kagem asmane kang suci.